Header Ads Widget

SESORAH




1.Sesorah punika basa jawanipun pidhato
2.Sesorah ingkang isinipun bab agama dipun sebut Khotbah
3.Pambagyaharja saka tembung pambagya lan raharja. Pambagya tegesipun ngurmati. Raharja tegesipun slamet, widodo,rahayu, wilujeng lan begya.
4.Pambagyaharja tegesipunngaturake kabar keslametan utawa karaharjan marang tamu undhangan.
5.Isinipun sesorah : a.Pambuka  b.Surasa/isi  c.Panutup.

6.Isinipun pambuka: a.Kenalan. 
                 b.Salam pambuka
         c.Ngaturake panuwun
         d.Pangucap syukur

7.Isinipun surasa    : a. Isi/wose pahargyan
       b. Atur keslametan/kawilujengan
       c. Nyuwun dongane para tamu

8.Isinipun Panutup: a.Pangarep –arep
       b.Dudutan/kesimpilan
       c.Salam panutup

9.Tuladha salam  Pambuka:
   a.Assalamualaikum …..
   b.Nuwun para rawuh…..
   c.Kula nuwun…..

10.Tuladha Pambuka:
   a.Para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu kula urmati….
   b.Para sedherek ingkang kawula mulyaaken…..

11.Tuladha surasa/isinipun sesorah (pidhato) :
   a.Acara dhaup/nikah sampun kalampahan tanggal …..
   c.Acara khitan/sunat sampun kalampahan tanggal …..
   d.Acara aqiqoh sampun kalampahan tanggal ….. 

12.Tuladha Panutup:
   a. Pungkasaning atur, menawi lepat nyuwun agunging samudra pangaksami…..
   B. Ingkang pungkasan, mbok bilih wonten lepatipun …..
   c. Wasananipun menawi kula lepat ……

13.Tuladha salam Panutup:
   a.Nuwun.
   b.Maturnuwun
   c.Wassalamu alaikum w w

14.Tujuanipun/ancasipun pambagyaharja.
   a.Ngaturake kawilujengan.
   b.Naturake panuwun
   c.Nyuwun donga pangestu.

15.Syarat tiyang ingkang sesorah:
   a.Ngadeg jejeg ngapurancang.
   b.Busana rapi lan cocog
   c.Swara/swantenipun sae
   d.Tata kramanipun sae
   e.Basanipun ngremenake.

Materi Rekomendasi

Posting Komentar

0 Komentar